1 Puji sokur lan panggunggung konjuk mring Hyang Ma agung kang nitahken jagad raya wah langgeng kasetyannya makluk wrata rinimatan krana sihing Pangeran jagad tentrem lan raharja lamun manut pangrehnya 2 Surya, candra lan pra lintang samya nyunarken padhang, peksi ngoceh mawurahan wah sato kewan girang, tetuwuhan ngumbar sekar sarta asung woh-wohan, sadaya sami memuja mring Allah Kang Makwasa. 3 Puji sokur lan panuwun konjuk Allah Mamulya, kang sampun paring pitulung mring pra manungsa dosa, kang panggah sami pracaya mring Panebus sejati, mesthi wilujeng, raharja, mulya langgeng ing swargi.
| |
|