1 Gusti kawula sowan atur sembah bekti, masrahken jiwa badan, gesang kula sami; mugi Paduka nuntun paring kakiyatan, dimen kula lestantun dumugeng wekasan. 2 Kula sestu kepengin manut rehing Gusti namung ringkihing batin kang tansah malangi dhuh Gusti mugi pareng mulungaken asta nggih gya kawula cepeng gondhelan kawula. 3 Kawula mung pracaya tan ngandelken dhiri nggih mung karsa Paduka kang kula lampahi kabegjan kang sejati yen lampah kawula tetep manut ing margi pitedah Paduka. Amin.
| |
|