1 Sestu raharjanira tyang setya mring Gusti tansah olah katresnan lir tresna wiwitan mung tyang tuhu sembada sinungan makutha gesang langgeng ing swarga nunggil lan Gustinya 2 Sestu raharjanira tyang tansah jumaga wah kukuh ing pracaya unggul nglawan godha grengseng tulus ngabekti mring Sang Kristus Gusti sinungan kasugihan kamulyan kaswargan. 3 Sestu raharjanira tyang kang ngantya Gusti sabar nyanggi sangsara krana mursid yekti sinung dhampar kluhuran nunggil Kristus Gusti tansah nggunggung Pangeran wah nyenyandhang suci PANUTUP: Amin
| |
|