1 Gusti nimbali pra lare mrih sowan mesthi binerkahan sinung kraharjan de pra lare kang tuhu ing pracaya yeku ingkang darbe Kratoning swarga dhuh Gusti samangkya sowan kawula nyaosaken yoga dhateng Paduka. 2 Gusti nimbali pra lare mrih sowan nggih samya dados putraning prasetyan de pra tyang sepuh kedah nggulawenthah nenuntun lare karem sabdeng Allah 3 Gusti nimbali pra lare mrih sowan dados gegelitaning pasamuwan leladi mrih greja tuwuh ngrembaka wah bebrayan tansah tentrem raharja
| |
|