1 Sabdaning Allah Hyang Widi yeku kitab suci panuntuning gung manungsa mring lampah utama wah mbereg mring pitobat tyang ngorong sih rahmat nglipur manah kang sisah ngiyatken kang semplah 2 Mugi sabdanipun Gusti sinerat ing ati, budi saya mindhak murni wit rehing Roh Suci, tresna mring mengsah ugi wah dhateng sesami, mbabar bebener nyata wah tentrem raharja. 3 Sabdeng Allah Maha tresna den undhangna wrata, winulangna dhateng brayat lan grengsenging tekad, ing dalu, enjing, siang mrih tuwuhing iman, tansah setya ngabekti klayan trusing ati.
| |
|