1 Tyang kang pracaya nyawiji wit Sang Kristus Gusti Lir badan kang mung sajuga lan gegelitannya tansah silih mbiyantoni ngarah gesang suci yeku paseksi sanyata Yesus Sang Pamarta. 2 Santosaning patunggilan tinangsul katresnan samya silih angladosi tan ngegungken dhiri sengkut makarya ngundhangken wartos kabingahan yeku paseksi sanyata Yesus Sang Pamarta. 3 Pinta-pinta nugrahanya peparinging Rama, runtut lumados mring Gusti wit sadaya aji lelados mring gung sesami mrih tentrem raharja yeku paseksi sanyata Yesus Sang Pamarta.
| |
|