GKJ Bekasi
Detail Lagu : KPK 61
KPK 61 Wiyosipun Gusti
Jml bait: 0
1
Alleluyah, Yesus Kristus
Ngrawuhi manungsa
Padhanging kamulyanipun
Kawuryan neng donya
2
Alleluyah, rawuhipun
Awit welasipun
Mring para umat sadarum
Amrih gesangipun
3
Alleluyah, Yesus Kristus
Dados Juru Slamet
Panutan kang setya tuhu
Tuwin Ratu langgeng
4
Alleluyah, alleluyah
Pinujia tansah
Sampun miyos ing Bethlechem
Putranipun Allah
Referensi Aransemen :
KPK 61
Cross Reff :
KPJ 225 | KPKA 218 |
Chord :

eWarta