1 Kula ninga nagri kang endah Nagrining pepadhang kang mulya Ngriku kula den antos Gusti Den cawisi griya kang baka Neng nagri punika Kita badhe panggya-pinanggya Neng nagri punika Kita badhe panggya-pinanggya 2 Neng ngrika kula samya muji Ngidhungken karahayon mami De tan dosa, tan nandhang susah Tan nggresah, tan ngrudhatin sami 3 Dhaweg sami memuji mring Hyang Rama kula kang Mahamulya Dene karsa ngasihi mring wang Dencadhang kamulyaning swarga
| |
|