1 Mugi sampun anglangkungi dhateng kula, dhuh Rama. Tyang kathah Paduka wlasi, mugi mlasi mring kula nggih kula nggih kula, mugi mlasi mring kula. 2 Sampun anglangkungi kula, dhuh Pamarta kang setya Gusti nimbali tyang dosa, mugi nimbali kula; nggih kula, nggih kula, mugi nimbali kula. 3 Dhuh Roh Suci mugi sampun anglangkungi kawula; tyang wuta antuk pepadhang, mugi madhangi kula; nggih kula, nggih kula, mugi madhangi kula. 4 Dhuh Pangèn, sampun alangkung, sih Paduka rumeksa. Tyang sanès dipun ayomi, mugi ngayomi kula; nggih kula, nggih kula, mugi ngayomi kula. 5 Kula mireng tíyang kathah tampi berkah Paduka; wit kula ingangkat putra, mugi mberkahi kula; nggih kula, nggih kula, mugi mberkahi kula.
| |
|