1 Gusti, kawula sowan atur pangabekti, pasrah nyawa lan badan kanthi trusing ati. Mugi Paduka tampi, wah paring kadarman, dimen kula lestantun wonten ing kraharjan. 2 Kawula sèstu ngudi manut rèhing Gusti, nanging ringkihing budi tansah memalangi. Dhuh Gusti, mugi rawuh, mulunga ing asta, dadya gondhèlan bakuh, kula tan suwala. 3 Kula sèstu pracaya tan ngandelken dhiri, namung karsa Paduka kang kula lampahi. Karahayon sejati pangajap kawula, sedya ngambah ing margi pitedah Paduka. Amin.
| |
|