1 Kapyarsi Gusti nimbali, "He, wong kamomotan, mareka lan mbukak ati nampi pangluwaran!" Kula ngayom maring Gusti, dyan ayem sejati, awit tansah binerkahan, sinung karaharjan. 2 Kapyarsi Gusti nimbali, "Wong ngelak, mareka, ngombé banyu panguripan kang saka ing swarga Kula ngungsi maring Gusti, sinunga Roh Suci. tinuntun mrih mursid yekti, tresna mring sesami. 3 Kapyarsi Gusti nimbali, "Wong dosa, mareka, nampanana kurban suci, rah, srira sampurna!" Kula pasrah maring Gusti, kalis saking pati, wah ingangkat putrèng Allah, lantaraning berkah.
| |
|