1 Dhuh Pangèran Ingkang Maha Suci, kula sami marek tetunggilan. Salir bangsa salumahing bumi amemuji mring asmané Gusti. 2 Gusti tresna mring kula sadaya, saking kilèn miwah saking wétan, sami nunggil klayan Sang Pamarta, Yésus Kristus kang dados Panutan.