1 Tékading manah kawula tansah ndhèrèk mring Gusti, yéku Panutan sanyata, nggih Panebus sejati. Margining salib ingambah, mbangun turut mring Allah. Mbabarken tresna sejati, mrih jagad tentrem basuki. 2 Kula sèstu ndhèrèk Gusti ngantos slami-laminya, martosaken Injil Suci, dimèn samya waluya. 3 Nulad Sang Pamarta Gusti, sagah ngurbanken dhiri, tan remen ing kekerasan, nging lubèr ing katresnan. 4 Sanadyan rumpil marginya, nging Gusti tansah nganthi. Nadyan ribed lan sangsara, kula tegen nglampahi. tegen = tekun (Indonesia)
| |
|