1 Nalikane cilikanku, kepati senengku; tan nate ana pasambat, bungahku tan kendhat. Sorene sawise sepi, ibuku memuji, ing pandonga kang ingatur, jenengku sinebut. Pandongane ibu anyebut jenengku; ing pandongane ibuku tansah anyebut jenengku. 2 Aku sangsaya kelingan, jroning kasusahan, yen urip lagi cilaka, atiku nalangsa; sakal eling mring ibuku kang sujud manengku; ing batinku trus keprungu, anyebut jenengku 3 Lamun atiku pribadi, iku kang dakanut, aruming sabdane Gusti, kudune dakturut; nalika urip sangsara, ngadhepi rubeda, eling pandongane ibu anyebut jenengku. 4 Sawusnya ibu tan ana, wit sowan Sang Rama, nanging dhawuhe mring aku, kang tansah dakgugu. Mbesuk ing kana tinemu, barengan sumungku; pamujine kang dakrungu, anyebut jenengku.
| |
|