1 Lah aku bocah rahayu, aku kudu ngidung, "Duwe omah lan wong tuwa, sadulur lan mitra. Ngarah apa maneh aku? Aku bocah kang rahayu 2 Lah aku bocah rahayu, saiba begjaku. De badanku bagas-waras, lan atiku enggar Wong tuwa ngopeni aku; aku bocah kang rahayu 3 Lah aku bocah rahayu, saiba bungahku. Saben - saben dina aku nampani piwuruk saka wong tuwa lan guru. Lah aku bocah rahayu. 4 Ya, aku bocah rahayu, banget panuwunku mring Allah, kang amarengi aku angrerepi, "Ngarah apa maneh aku, de aku bocah rahayu"
| |
|