1 Kadya baita lelayaran tanpa nakoda, Kontal kombul katrejang ombak ing samudra. makaten gesang kang tan wonten paedahnya, lamun Gusti Yesus tanpa nyarengi lampahnya. 2 Gusti Yesus karsa nuntun baita kawula, njangkung kanthi setya dumugi pelabuhan. Dhuh Gusti, Paduka andel - andel kawula, sumbering gesang ngantos dumugeng delahan.
| |
|