1 Mendahnea rahayu tyang gegriya klayan tansah rumaket mring Gusti, kang dadya mitra lan tuking basuki, sarwi bingah prentahnya pinundhi. Sekakapti anilingken sabdanya, angabekti Allah klayan eklas. Rinten dalu angluhurken asmanya, myang sumuyud kalayan trusing tyas. 2 Mendahnea rahayu tyang semahan, klayan nunggil tresnanya mring Gusti. Runtang-runtung denira sih-sinihan klayan saeka-praya lan budi. Sadinten-dinten sami ngajeng-ajeng idining Gusti sarwi memuji. Ing satitah nrima klayan pitajeng saha tresna dumugi ing janji.
| |
|