1 Kulawarga kang rahayu, lamun Gusti angayomi srana tresna kang satuhu, tansah nuntun wah nganthi. Matur nuwun konjuk mring Gusti, dekarsa nuntun salaminya; sakathahing urmat wah pamuji tansah sumengka ing ngarsanya. 2 Aneng donya keh dalannya, endi kang bakal ingambah. Dalan bener mung sajuga, yeku margining Allah 3 Kulawarga tetep panggah, lamun Gusti kang ngayomi; jroning susah dalah bungah, datan pegat ngrimati. 4 Dhuh Roh Suci mugi rawuh, angebeki tyas kawula, amrih kula tansah tangguh mujudaken sih-tresna
| |
|