1 Kang nuntun laku utama yeku sabdaning Allah. Wulangna mring brayat ira tan kendhat saben wayah. Gya undhangna sabdeng Allah babaring sih rahmatnya, mring sagunging pra tumitah, amrih tentrem raharja. 2 Brayat di tansah angudi nilingke sabdeng Gusti sarta padha anindakna kanthi tulusing driya. 3 Brayat di tansah ngabekti ndedonga lan memuji; nampa sabda saka swarga, ngabdi kanthi sembada. 4 Brayat kang manunggal budi, karem sabdaning Allah gumregut dennya leladi sumaos mring Yehuwah.
| |
|