GKJ Bekasi
Detail Lagu : KPJ 251
KPJ 251 Dosa Punapa
Jml bait: 0
1
Dosa punapa dene Gusti kula,
nadyan ma suci, nging siniya-siya?
Krana sih tresna Paduka mring kula,
nandhang sangsara.
2
Dhuh, Ratuning rat, napa ta sababnya,
makutha eri ngrenggani mestaka?
Dimen pra umat rinoban sih-rahmat,
luwar sing laknat.
3
Dhuh, Guru kula, napa darunanya,
kaukum pati krana seksi dora?
Wit nebusjalma sing kwasaning dosa,
mrih gesang mulya.
4
Dhuh, Imam Agung, amargi punapa,
pindha durjana Paduka pinenthang?
Mrih sagung titah dados putreng Allah,
sinungan berkah.
Referensi Aransemen :
KPJ 251
Cross Reff :
KK 244 | KJ 167 | NR 53 |
Chord :

eWarta