1 Rawuha Sang Imanuel ngluwari umat Israel, dennya nandhang kasangsaran; ngantuantu pitulungan. Gya surak a! He, Israel! Pethukna Sang Imanuel. 2 Rawuha trubus Isai ngesorken dosa lan pati. Umat kang nandhang sangsara luwara saking cintraka. 3 Sang Surya kang nembe prapta, linipura umatira. singkirna peteng nglimputi sarta wayanganing pati. 4 Tedhake Daud, rawuha mbikak gapuraning swarga; tinutup lawanging satru, mring umat tentrem-rahayu.
| |
|