1 Puji mring Allah, Pangeran Kang Mahawisesa. Muji ramya, binarung lan sawernining gangsa. Pangidungnya klayan bingah ing manah, nggunggung Gustining pratitah. 2 Puji mring Allah kang sèstu adil pangrèhira. ngreksa lan ngrimati srana lubèring berkahnya. wah saklangkung gung sihnya mring tyang dosa. tinebus temah waluya. 3 Puji mring Allah kang sung tentrem-raharja nyata. tansah ngganjar begja mring tyang kang sèstu pracaya. dadya dilah, andel-andel satuhu. Pujinen lan trusing kalbu!
| |
|