1 Kabingahan kang sejati ing riyadi natal niki pasamuwan regeng yekti sesarengan angabekti memuja, misungsung, ngakendosa, lan nyenyuwun, bingah-bingah trus ing manah. Sung kabegjan dhateng liyan numrahna! Raharja wit wus prapta Sang Pamarta. 2 Kabingahan kang sejati ing riyadi natal niki brayat sami tetunggilan wah ngabekti sesarengan ngundhangna Injilnya mrih salir tyang gesang nyata. Ngluwarana tyang sangsara wah mbelani tyang prihatin, mrih samya rahayu, wit Sang Kristus sampun rawuh. 3 Kabingahan kang sejati ing riyadi natal niki, pepanggihan lan pra mitra sesarengan aneng greja memuji mring Gusti wah leladi mring sesami, angrukunna tyang congrahan wah nyirnakna kamitegan, ngegungna sih-tresna. Kristus Gusti sampun prapti.
| |
|