1 Kula datan badhe nrimah, datan badhe rila, pepadhang saking Yehuwah tinampik prajalma. Tan badhe sabdeng Allah pikekah kawula sinrahken dhateng mengsah kang ambek daksiya. 2 Sabdeng Allah gung piguna mring sepuh-anema. Kang ringkih sinantosakken, lesah kiniyatken. Tyang kang wangkot ing manah nulya dados lembah; samya dadya sembada wit sabdeng Kang Kwasa. 3 Ing manah kula sinerah sabdanipun Gusti, mrih kula kanthi urmat setya ing prajanji. Sanadyan ardi goyah, jagad badhe sirna, nging sabdaning Yehuwah langgeng ing tyas kula.
| |
|