1 Gusti Yesus Pangen setya pindha parang santosa. Sadaya ingkang pracaya dimen sami ngayoma. Gustiku makwasa, yeku Pangen kang setya. Gustiku kang kwasa pindha parang santosa. 2 Piandele kang ngabekti namung asmane Gusti. Jroning sangsara ginodha, panggah tatag ing driya. 3 Asmane Sang Kristus Gusti mbereg dhemen leladi, mrih gesang tentrem ing donya tansah rinoban sihnya. 4 Undhangna asmane Gusti ing salumahing bumi, amrih ingkang winartosan nampi sih-katentreman.
| |
|