1 Puji sokur konjuk Gusti, wit sihrahmat Paduka; datan kendhat angasihi. cihnaning kawlasanta. Sokur paring ingpakaryan, nadyan badamba ringkih; sokur dene kadang mitra tansah anandukken sih. 2 Sokur, dene sesekaran, sedhep, endah ing warni sokur mega ngantariksa, miwah surya ndadari. Sokur krana bingah-sisah, Gusti tansah rumeksa; awit Paduka kang tansah nuntun lampah kawula. 3 Sokur, wit brayat kawula rukun samnya sinihan; sokur dene pasamuwan nuwuhken katentreman. Sokur, krana wancinira bingah utawi sisah; sokur de gesang kawula neng pamengkuning Allah.
| |
|