1 Pisungsung kagem Gusti, sinaosken klayan bingah; tan owel miwah kepeksa, nging kanthi eklas ing manah. Yen kumed kang sinebar, nggih kumed pangundhuhnya; yen loma kang sinebar, nggih loma pangundhuhnya. Kula sami memuji mring Allah Kang Mahamirah; srana penambut kardi, saged nampeni berkah. Kula mboten was sumelang ing sadhengah kabetahan, yen pitados mring Gusti, mesthi datan kekirangan. 2 Pisungsung kagem Gusti, tan namung bandha kadonyan; ugi raga-badan kita, dadosa korban kang gesang. Nindhakken karseng Allah, nggih ibadah sejati; tan kentir ombyaking jaman, nging manut pangrehe Gusti.
| |
|