1 Rahayu wong wedi asih mring Pangéran Yéhuwah, rameng gawé sepi pamrih, kasengsem sabdèng Allah. Wong bener wah ngabekti slamanya dèn berkahi lan turuné lestari. 2 Omahé wong kang pracaya kanggonan kalubèran; kautamané slamanya, tansah ulah katresnan; jroning peteng nglimputi, kang temen dèn padhangi. wit tinunggil ing Gusti. 3 Wong loma sinung kabegjan, slamanya kinasihan: wong jujur tulus ing lampah, tansah rinoban berkah piala tan medèni, wit pracaya mring Gusti rineksa ing Hyang Widi. 4 Wong awatak welas-asih mring kang miskin wah ringkih kanggonan luhuring budi wah kamulyaning ati. Wong duraka mung mèri, ngrantam kang mbilaèni; pituwasé pepati.
| |
|