1 Kula ngaturken sembah, dhuh Pangeran Yehuwah, nggunggung asma Paduka Kang Maluhur Mamulya; Gustining makluk samya, klayan bingahing driya 2 Dhuh, Sang Yéhuwah, Gusti. Paduka kula puji, ing dalu dalah rina. Agung sih kawlasanta, lubèr berkah Paduka tumrah mring titah wrata. 3 Dhuh, Yéhuwah Pangéran, kawula ngidung girang. Wit sih-rahmat Paduka, kula samya waluya, luwar sing rèhing pati sinungan gesang yekti.
| |
|